Senin, 17 Maret 2014

( tetep ) nggandrungi wayah isuk nang Paduroso Purworejo

Koyo biasane sak wise Sholat Subuh lan Dzikiran
kiro kirone jam 05.15 aku njur mbukak i lawang mburi karo jendelo jendelo, ben angin isuk sing seger mlebu ngganteni hawa mau bengi
isuk iki jan lumayan adem lan semilir, mbok menawa soale mau bengi ora sido udan, mung kremun kremun thok
srengenge sing biasane wis kemebyar sorote, isuk iki kabut nang sisih wetan nutupi sorote


bar mbukaki kandang pitik lan nyiapke pakan nggo kabeh ingon ingon aku nyur menyang blumbang, ndeleng iwak bawal sing nembe tak ngu / tak ceburke wingi mbengi
Alhamdulillah, ora ono sing ngambang , aku njur ngematno tanduran kacang lanjaran sing wis mulai tuwo padahal yho ijih akeh uwoh e, tapi mbasan ndeleng tanduran lombok, terong lan tomatku,.. lhooo koq, akeh sing dho ambruk di ceker cekeri pitik
mbari ngurak arik lemah nggo njejek e tanduran mau aku yho
Biasane yen jam wayah mene, srengenge wis mlethek gedhe lan aku biasane wis mlaku menengah sawah njukuk ambegan hawa anyar lan karing srengenge isuk
tapi isuik iki, srengenge mung katon wernane sebab ketutup kabut nang sisih wetan Paduroso, aku yho njur neruske ngurak arik mbenerke tanduran.
wis rodo sayah, aku njur nyruput teh anget sing di gawekno bojoku sing apikan lan cumepakk nang angkruk mburi omah, mbari ngaso aku madep ngidul ngematke pak tani sing wis akeh nang tengah sawah ji pada matun.

Basan aku madep ngetan

Mak bejedul,...
ketok srengenge abang mrangah mrangah bunder leketer, nang sisih wetan, nang nduwur geger / punggung menjangan.kayane nang nduwur Kaligesing

SUBHANALLOH
wah jan apik tenan,.

aku njur cepet cepet wisuh tangan njukuk " camdig ", oleh oleh seko anakku
kasil photo isuk iki koyo mangkene padahal Asline, jan POLLLLL APIKKE

wach yho swenengg tenan nduwe omah nang trebisan PADUROSO PURWOREJO yen, suasana lan cuaca mben ndino koyo mangkene






SUBHANALLOH ALLOHUAKBAR












 

Tidak ada komentar: