Minggu, 22 Juni 2014

NGGANTONGAN

Ngisi wektu sakwise Shubuhan, koyo biasane aku lan bojoku, lungguh lincak mburi omah golek howo adem terus glendengan,karo mandengi ombone bulak sawah mburi omah.
Isuk iki kebeneran dino kemis, dino iki ono pasaran nggintungan lan pasar gebang,
aku lan bojoku terus udar udar ganti klambi kaos, mancal pit jengki tuo nyusur metu golek blanjan nang pasar nggintungan.
jalur isuk iki, metu terus arah mranti, belok kiri lurus tekan pesantren Mberjan mbelok nengen, nang kene ono omahe koncoku tapi kayane ji dho nang njero omah, mbuh durung dho tangi,..
sepi,..
dalan iki ono tanjakan sitik tapi rodo dowo.lumayan lah nggo pegel pegel kempol. bablas mlebu area persawahan mengulon,..
wah nang kene udara ne seger tenan, isih ono pedut lumayan kandel, tekan pertelon mbelok nengen maneh arah pasar gebang.. nang kene wis mulai rame, akeh bocah bocah dho gerak badan isuk,. mlaku lan mlayu mlayu, aku yho entuk barengan pit pitan arep menyang pasar gebang.
Tekan pasar Gebang, ngaso sedelo nyruput sangu teh anget seko termos cilik,..
segerrr,..
aku njur mbalik arah pasar nggintungan, Blonjo,.. tumben bannget isuk iki kayane , koq semangat banget,. aku lan bojoku neruske mancal jengki ku mengulon muter lewat pasar Sucen,..
Jebule,..
aduuuh dalane rusak,.
 tanjakan dowo banget,...
Alhamdulillah kempole bojoku isih kuat....
Pasar Sucen,. tuku welut arep di jangan mangut..
seko pasar sucen aku lan bojoku golek dalan   mlebu kampung, arah
NGGANTONGAN.............
.................
M









 nlusup,..
lewat dalanan tengah  sawah,..
bablas ngetan,..
ngalorr,..
mbelok nengen,..
lurus,..
tekan omah,..
( koyo ngene nulise, wong males )